BAB I
SEJARAH
KABUPATEN CILACAP
A.
Kawontenan Alam
Kabupaten Cilacap minangka tlatah ingkang paling wiyar wonten ing
profinsi Jawi Tengah ingkang wonten ing antaranipun 10804-300 - 1090300300
bujur timur lan 70300 - 70450200
garis lintang selatan. Wiyaripun inggih menika 225.360,840 Ha ingkang
dipunperang dados 24 Kecamatan, 269 Desa, ugi 15 Kelurahan. Tlatah ingkang
paling inggil menika kecamatan Dayeuluhur, 198 m saking toya seganten saha
tlatah ingkang paling andhap menika kecamatan Cilacap Tengah inggih menika 6m
saking toya seganten. Jarak paling tebih saking kilen dumugi wetan 152 km wiwit
kecamatan Dayeuluhur dumugi kecamatan Nusawungu saha jarak saking ler dumugi
kidul 35 km inggih menika wiwit kecamatan Sampang dumugi kecamatan Cilacap
Tengah. Kabupaten Cilacap dipunwatesi dening 4 (sekawan) tlatah inggih menika :
·
Ler : Kab. Banyumas, Kab. Brebes, saha
Kab. Kuningan(Jabar)
·
Kidul : Samudra Hindia
·
Kilen : Kab. Ciamis, Kota Banjar (Jabar)
·
Wetan : Kab. Kebumen
Kawontenan suhu wonten ing kabupaten
Cilacap kirang langkung 220c dumugi 350c saha curah hujan
kinten-kinten antawis 114 ml (0-597 ml/sasi).
Sabin
|
63.097 ha
|
Pekarangan / Bangunan
|
32.917 ha
|
Tegalan
|
45.224 ha
|
Wana Warga
|
4.206 ha
|
Wana Nagari
|
43.519 ha
|
Huma
|
719 ha
|
Tegalan Warga
|
9.579 ha
|
Rawa / Tambak / Kolam
|
3.863 ha
|
Lintunipun
|
10.575 ha
|
Gambaran Umum Demografis
Daftar P4B miturut jinis
kelamin periode tahun 2008
NO
|
KECAMATAN
|
KAKUNG
|
PUTRI
|
JUMLAH
|
1
|
ADIPALA
|
42.560
|
40.796
|
83.356
|
2
|
BANTARSARI
|
39.897
|
38.408
|
78.305
|
3
|
BINANGUN
|
30.669
|
30.332
|
61.001
|
4
|
CILACAP
SELATAN
|
41.145
|
40.070
|
81.215
|
5
|
CILACAP
TENGAH
|
42.091
|
40.805
|
82.898
|
6
|
CILACAP
UTARA
|
38.839
|
37.373
|
76.212
|
7
|
CIMANGGU
|
51.383
|
50.739
|
102.122
|
8
|
CIPARI
|
31.688
|
31.370
|
63.058
|
9
|
DAYEUHLUHUR
|
24.970
|
25.249
|
50.219
|
10
|
GANDRUNGMANGU
|
52.921
|
51.458
|
104.379
|
11
|
JERUKLEGI
|
41.010
|
39.659
|
80.669
|
12
|
KAMPUNG
LAUT
|
8.255
|
7.648
|
15.903
|
13
|
KARANG
PUCUNG
|
43.096
|
42.345
|
85.441
|
14
|
KAWUNGANTEN
|
40.848
|
39.370
|
80.218
|
15
|
KEDUNGREJA
|
44.725
|
42.619
|
87.501
|
16
|
KESUGIHAN
|
64.877
|
62.858
|
127.735
|
17
|
KROYA
|
55.507
|
54.053
|
109.560
|
18
|
MAJENANG
|
63.826
|
62.628
|
126.454
|
19
|
MAOS
|
23.168
|
23.100
|
46.268
|
20
|
NUSAWUNGU
|
38.099
|
37.305
|
75.404
|
21
|
PATIMUAN
|
22.875
|
22.113
|
44.989
|
22
|
SAMPANG
|
20.670
|
20.125
|
40.795
|
23
|
SIDAREJA
|
28.626
|
28.561
|
57.201
|
24
|
WANAREJA
|
49.782
|
49.555
|
99.337
|
|
TOTAL
|
941.527
|
918.539
|
1.860.240
|
Sumber Data : Kantor Kependudukan dan Catatan Sipil Kab. Cilacap
Potensi
Unggulan wonten ing Kabupaten Cilacap inggih menika :
- Babagan Perikanan saha Kelautan
a. Perikanan
seganten
Kagungan garis pasisir panjangipun
105 km saha wiyaripun panggenan tangkepan menika 5200 km2. Sarana
ingkang mbiyantu inggih menika: Pelabuhan Perikanan Samudera Cilacap (PPSC)
kanthi kapasitas 250 kapal, dipunjangkepi dermaga, bengkel mesin kapal, papan
kangge nyade ulam (TPI), depot BBM, galangan kapal, pabrik es saha cold
storage ( wadah kangge pendingin).
b. Perikanan
darat
Papan kangge ngasilaken ulam toya
tawar wonten ing sedaya kecamatan wonten ing kabupaten Cilacap kanthi rerincen
:
-
Potensi papan tambak : 12.000 ha
-
Potensi budi daya ulam tawar : 3.219
ha
-
Potensi Pembenihan : 360 ha
- Babagan Industri
Industri ingkang nyengkuyung ekonomi
wonten ing kabupaten Cilacap inggih menika antawisipun :
-
PT Pertamina UP IV : Pangolah BBM
-
PT Holcim Indonesia Tbk : Industri Semen
-
PT Waroeng Batok Industry : Pangolah Kajeng
-
PT IndustriSandang II Unit Patal : papan kangge damel benang tenun
-
PT Panganmas Inti Persada : Pangolah tepung terigu
-
PT Juifa Internasional Food : Pengalengan ulam
-
PT Toxindo Prima : Pembekuan Ulam
saha Urang
-
PT Lautan Murti : Pembekuan
Ulam saha Urang
-
PT Sumber Segara Prima Daya : PLTU
Wonten ugi
usaha alit ingkang kagungan potensi ageng, kadosta : gendhis krambil, sriping
pisang, sriping sukun, sale pisang, ulam asin, krupuk ulam tengiri, jampi
tradisional, anyaman bambu, keset sabut krambil, kerajinan tas,selo hias,
kramik hias, damel gitar, boneka fibre, lukisan wulu, lukisan kaca, kerajinan
kerang, kerajinan kulit ulampari, lsp.
- Babagan Pertambangan
Miturut asiling inventarisasi
bakal kedhukan, Kabupaten Cilacap kagungan potensi asil tambang antawisipun :
a. Emas
Tambang emas menika mapan wonten ing
Dhusun Sedahayu Kecamatan Majenang kanthi wiyar 2000 ha saha kadar ingkang
warna-warni wiwit 2-7 gram per ton.
b. Bentonit
Mapan wonten ing Dhusun Surian saha
Tayem Kecamatan Karang Pucung kaliyan wonten ing Dhusun Bulu Payung ugi
Pesanggrahan Kecamatan Kesugihan.
c. Trass
Mapan wonten ing Dhusun
Bantarpanjang saha Bantarmangu Kecamatan Cimanggu.
d. Pasir Besi
Mapan wonten ing pesisir seganten
Dhusun Welahan Wetan dumugi Dhusun Jetis ingkang kagungan kadar Fe 52,16%.
e. Lisah saha
Gas Bumi
Lisah saha Gas Bumi wonten ing
Dhusun Cipari Kecamatan Dipari, sampun katindakaken eksplorasi
dhumateng cebakan ingkang dipuntindakaken dening LUNDIN BANYHUMAS BV. Kanthi
nindakaken pemboran sumur uji sumur taruhan Jati I ) dumugi lebetipun maksimal
15.000 ft kanthi dudutan boten sae.
f. Batubara
Indikasi wontenipun
batubara saged dipuntingali kanthi wontenipun seselan wonten ing tlatah Kecamatan Dayeuhluhur. Asiling panaliten
Pamarentah
Kabupaten Cilacap sesarengan kaliyan CV. Multi Geosintek taun 2003
ingkang sampun dipuntindakaken ngasilaken dudutan bilih batubara ingkang wonten menika batubara muda( lignite) kanthi nile kalori <4.500 kcal/kg. Cadangan batubara ugi wonten ing Dhusun Cidadap Kecamatan Karangpucung kanthi asil analisa proksimat PT Star Polaris pada Mei 2006, nile kalori potensi batubara kasebat antawis 3724 dumugi 3890 cal/gr (adb).
Kabupaten Cilacap sesarengan kaliyan CV. Multi Geosintek taun 2003
ingkang sampun dipuntindakaken ngasilaken dudutan bilih batubara ingkang wonten menika batubara muda( lignite) kanthi nile kalori <4.500 kcal/kg. Cadangan batubara ugi wonten ing Dhusun Cidadap Kecamatan Karangpucung kanthi asil analisa proksimat PT Star Polaris pada Mei 2006, nile kalori potensi batubara kasebat antawis 3724 dumugi 3890 cal/gr (adb).
g. Talk
Cadangan wonten ing Kecamatan Karang
Pucung, anangingdereng dipuneksplirasi kanthi tliti.
h. Andesit
Cadangan Andesit utawi ingkang
biasanipun dipunsebat sela redi wonten ing saperangan dhusun ing
Kecamatan Kesugihan (± 1.500.00m3, kanthi siti panutup /
Overburden (OB) kinten-kinten 0,5 - 2meter), Kecamatan Jeruklegi inggih menika
Dhusun Karang Kemiri (1.500.000 m3, OB 2-4 meter) Desa
Ciwuni (300.000 m3, OB 0,5 – 1 meter), ugi wonten ing
Kecamatan Majenang saha Kecamatan Dayeuhluhur.
i.
Gamping
Mapan wonten ing Nusa Nusakambangan
kanthi cacahipun cadangan dumugi 1.170.000.000 ton awujud Gamping Terumbu
ingkang sakmenika saweg dipunpundhuti dening PT Holcim. Komposisi gamping
kasebat inggih menika CaO>50%; MgO<1%. Cadangan gamping wonten ing Dhusun
Tayem Kecamatan Karang Pucung kanthi komposisi CaO>50%: MgO<1%.
Saperangan wonten ing Dhusun Tayem Kecamatan Karng Pucung kanthi komposisi CaO>50%,
MgO,1% ingkang awujud lensa-lensa.
j.
Wedhi Lepen saha Wedhi Sela
Mapan wonten ing Lepen Serayu,
Cijalu, Citanduy, Cibaganjing, Cebeet, saha
Cikawung, ingkang sakmenika dipuntindakaken dening Penambang rakyat.
Cikawung, ingkang sakmenika dipuntindakaken dening Penambang rakyat.
k. Lempung/endut
Mapan wonten ing Kecamatan Jeruk
Legi (wonten ing tambang PT Holcim) saha wonten ing pinten-penten papan ing
Kecamatan Adipala kanthi kandutan SiO2 56,6 %, Al2O3 16,08%, Fe2O3 10,47%, Na20
1,58%; K2O 1,58% kanthi kandutan mineral monmorelonite, kwarsa dan albite.
l.
Siti Urug
Papanipun wonten ing Kecamatan
Adipala, Kesugihan, saha Jeruk legi
- Babagan Perhubungan
a. Pelabuhan
Tanjung Intan
Pelabuhan Tanjung Intan sampun saged
kangge bongkar muat skala nasional ugi Internasional.
b. Bandara
Tunggul Wulung
Bandara kasebat namung saged dipunginakaken
kangge penerbangan motor mabur jinis CN 235/F27.
c. Angkutan
Sepur
Ing stasiun menika wonten sepur
kangge penumpang ugi wonten ingkang kangge barang. Ingkang kangge penumpang,
wonten ingkang jinis ekonomi, bisnis, saha eksekutif kanthi jurusan Jakarta,
Bandung, saha Surabaya.
d. Terminal Bis/
Angkatan Darat
Ing terminal
bis, wonten angkutan padhusunan, antar kitha, saha antar profinsi.
- Babagan Perkebunan saha Kehutanan
a. Perkebunan
Karet Rakyat
Kagungan papan ingkang kagarap
wonten ing Kecamatan Dayeuh Luhur, Wanareja, saha Cipari. Asilipun awujud karet
sheet garing. Asil kebon lintunipun antawisipun: krambil, vanili, empon-empon,
sereh wangi, kakao, ugi jarak.
b. Kehutanan
Asil wana ingkang kaserat wonten ing
kabupaten Cilacap inggih menika jinis Jati, mahoni, saha Albasia. Papanipun
wonten ing sedaya kecamatan kecuali eks kotip.
- Babagan Pertanian saha Peternakan
a. Tetanen
Tetenen wonten ing Kabupaten Cilacap
kagungan opotensi ingkang ageng saha papan ingkang wiyar. Asiling tetanen
ingkang paling kathah inggih menika pantun, kedele, jagung, saha woh-wohan
kadosta pisang, pelem, rambutan, sukun, nangka, kates, semangka, saha jeruk
siam.
b. Ternak
Wonten saperangan tlatah ingkang
dados papan agribisnis wonten Kabupaten Cilacap inggih menika :
-
Lembu potong; wonten ing Kecamatan
Adipala, Kawunganten, Jeruk Legi, saha Wanareja.
-
Lembu Kereman; wonten ing Kecamatan
Cilacap Utara, Kawunganten, Wanareja, Jeruk Legi, saha Nusawungu.
-
Menda Pernakan Etawa(PE); wonten ing Kecamatan Karang Pucung, saha
Kroya.
-
Menda; wonten ing Kecamatan
Nusawungu, Kroya, Kawunganten, Maos, saha Sampang.
-
Bebek; wonten ing Kecamatan
Binangun, Sampang, Nusawungu, saha Patimuan.
-
Ayam Ras Pedaging; wonten ing
Kecamatan Cimanggu, Majenang, Dayeuhluhur,saha Karang Pucung.
- Babagan Kesehatan
Sarana kasehatan dipunjangkepi
kaliyan sarana Griya sakit, Puskesmas, Griya sakit kangge babaran, saha apotek
utawi toko obat ingkang sampun sumebar wonten ing sedaya tlatah.
- Babagan Perdagangan (dol tinumbas)
Sarana kangge dol tinumbas ingkang nyengkuyung
perekonomian Kabupaten Cilacap wonten mawarni-warni, inggih menika :
- Peken modern / Super market : 2 iji
- Mini market / swalayan : 12 iji
- Peken tradisional / umum : 85 iji
- Peken ulam saha kewan : 5 iji
- TPI Propinsi saha Kabupaten : 11 iji
- Pertokoan / Ruko : 965 unit
- Peken modern / Super market : 2 iji
- Mini market / swalayan : 12 iji
- Peken tradisional / umum : 85 iji
- Peken ulam saha kewan : 5 iji
- TPI Propinsi saha Kabupaten : 11 iji
- Pertokoan / Ruko : 965 unit
B. Lambang
Daerah saha Bupati
1. Wujudipun
lambang
a.
Lambang Daerah
wujudipun Perisai ingkang
kagungan sudut siku-siku kalih iji wonten ing nginggil saha setunggal sudut
tumpul wonten ing ngandhjap ingkang dados titik temu kalih sisi sudut siku-siku
ingkang dipunwujudaken kaliyan garis lengkung.
b.
Ukuranipun
inggih menika kalih banding tiga
c.
Wonten ing
nginggil lambang daerah wonten seratan CILACAP ingkang mujudaken namanipun
kabupaten daerah tingkat II Cilacap
d.
Wonten ing
lambang daerah wonten gambar lintang segi gangsal, Tugu Pahlawan, Malap latu, Ombak
seganten kidul, Sekar Wijayakusuma, Ulam Hiu, Pantun, Kapas saha godhongipun.
2. Tegesipun
wujud lambang
a.
Lintang segi
gangsal, nggadhahi teges kaluhuran kakajengan masarakat
daerah ingkang adhedhasar piwucalan.
b.
Tugu Pahlawan
saha MalapApi wonten ing antaranipun ombak laut kidul ateges
perjuangan heroik masarakat daerah, wonten ing jaman revolusi 1945, wonten
pundi kathah putra-putra daerah ingkang gugur dados korban kangge madegaken
saha nyengkuyung Bangsa saha Nagari Republik Indonesia. Malap Api saking
sisih kiwa ugi tengen nginggil ateges bilih tlatah menika wiwit revolusi dumugi
sakmenika adhedhasarPancasila. Tugu Pahlawan madeg jejeg wonten ing
nginggilipun ombak seganten kidul, kanthi tilepan ombak cacah sekawan,
angka sekawan menika dipungayutaken kaliyan malap api ingkang ateges
itungan gangsal, pramila tegesipun lambang menika bilih perjuangan ingkang
berkobar saking masarakat tlatah menika wiwit jaman revolusi 1945 adhedhasar
Undang-Undang Dasar 1945 saha jiwa 1945.
c.
Sekar Wijaya
Kusuma, lambang menika awujud sekar ingkang kagungan
kelopak cacahipun sekawan godhong sekar gangsal. Wijaya Kusuma menika lambang
khas daerah saha boten saged dipunpisah saking sejarah Indonesia wonten ing
jaman rumiyin, ingkang mujudaken lambang Wahyu Nagari( wekdal taksih wujud
kedaton), Wijaya Kusuma menika ingkang dados nami patepang khas saha lambang
gesang tlatah saha namung wonten ugi gesang wonten ing Kabupaten Cilacap
kemawon.
d.
Pantun saha
Kapas, ateges kaluhuran kakajengan masarakat daerah ingkang
tumut aktif mujudaken kakajengan bangsa tumuju masarakat ingkang adil saha
makmur. Pantun saha Kapas ateges pakaryan masarakat wonten ing babagan
pangan saha sandang.Cacahipun pantun wonten pitulas, kapas wolu, saha
dipungayutaken kaliyan Wijaya Kusuma ingkang kagungan kelopak sekawan saha
godhong sukma gangsal mujudaken keramatipun Proklamasi pitulas wolu sekawan
gangsal.
e.
Ulam Hiu, ateges
bilih Kabupaten Cilacap menika tlatah seganten kidul ingkang ngasilaken ulam,
saha saperang masarakatipun menika nelayan ingkang tumut nglambangaken
kemakmuran wonten ing babagan pangan saha ngasilaken devisa kangge Nagari
Republik Indonesia.
3. Warna
lambang saha tegesipun
a.
Abrit :
kawantunan, kauletan, kawaspadan, saha nglambangaken perjuangan ingkang gagah
berani saking masrakat daerah wiwit revormasi dumugi samenika.
b.
Kuning emas:
kaluhuran ambekta tugas saha nglampahaken ancasing bangsa saha Nagari Republik
Indonesia.
c.
Pethak: kasucen
jiwa masarakat tlatah Cilacap anggenipun ngemban tugas nglampahi ancasing
bangsa sahga nagari, saha jiwa
perjuangan pahlawan ’45 dados tuladha kangge masarakatKabupaten Cilacap.
d.
Cemeng : sipat
tenang saha tabah masarakat daerah anggenipun ngemban tugas saha nglampahi
ancasipun bangsa.
e.
Ijem: kasuburan
saha kamakmuran daerah.
f.
Biru seganten:
Kabupaten Cilacap mapan wonten ing seganten kidul.
g.
Sedaya warna:
kapribaden masarakat Kabupaten Cilacap.
h.
Wujud Lambang
Daerah kagungan wujud-wujud ingkang persegi, tekukan ingkang mujudaken kathah
babagan ingkang mujudaken wilangan sekawan saha gangsal inggih menika kangge
ngengetaken jiwa 45 saha Kamardikan Republik Indonesia wonten ing 17 Agustus
1945.
4. Katamtuan
panggenanipun warna
a.
Merah hati, kangge warna dhasar.
b.
Kuning
Emas, kangge Lintang Segi Gangsal, Malap
Api, Butir Pantun.
c.
Pethak, kangge
Tugu Pahlawan, Sekar Wijaya Kusuma, Ulam Hiu, Ombak Seganten, Kapas, Seratan,
Garis Pinggir, saha Garis Bagian.
d.
Cemeng, kangge
warna dhasar seratan CILACAP saha kapas.
e.
Ijem, kangge
godhong kelopak kapas saha pangkal pantun.
f. Biru,
kangge Seganten saha Gendera Lambang.
v Nama-Nama
Bupati Cilacap
1. Bupati
I (pertama) : Raden Toemenggung
Tjakrawerdana II (1856-1873)
2. Bupati
II : Raden Toemenggung
Tjakrawerdana III (1873-1875)
3. Bupati
III : Raden Toemenggung
Tjakrawerdana IV (1875-1881)
4. Bupati
IV : Raden Mas Adipati
Tjakrawerdana (1882-1927)
5. Bupati
V : Raden Mas Adipati Tria
Tjakrasewaja (1927-1950)
6. Bupati
VI : Raden Mas Soetodjo (1950-1952)
7. Bupati
VII : P. Witono (1952-1954)
8. Bupati
VIII :Mas Kadri (1954-1958)
9. Bupati
IX : Daniel Alexander
Santosa (1958-1965)
10. Bupati
X : Letkol. Inf. Hadi
Soetomo (1965-1968)
11. Bupati
XI : Letkol. Inf. Kartabrata (1968-1974)
12. Bupati
XII : Letkol. Alteleri H. R.
Yunus Kuslan Mukmin(1974-1979)
13. Bupati
XIII : Letkol. Inf.
Poejono Pranjoto (1979-1987)
14. Bupati
XIV : Letkol. H.
Mohamad Supardi (1987-1997)
15. Bupati
XV : Letkol. Inf. H. Herry
Tabri Karta (1997-2002)
16. Bupati
XVI : H. Probo
Yulastoro, S. Sos., MM. (2002-2009)
17. Bupati
XVII : H. Tatto Suwarto Pamuji (2009-sekarang)
C. Papan
wisata
Papan wisata ingkang
wonten ing Kabupaten Cilacap antawisipun:
a. Pesisir
Teluk Penyu, wiyaripun kirang langkung 14ha
b. Benteng
Pendem , dipunmadegaken dening tentara Walanda taun 1861-1877 ingkang wiyaripun
6,5 ha ingkang dados salah satunggaling papan wisata andalan.
c. Nusakambangan,
wiyaripun 11.510,55 ha ingkang wonten saklebetipun wonten pinten-pinten guwa,
sekawan Lembaga Pemasyarakatan(LP) inggih menika LP Besi, LP Batu, LP Permisan,
LP Kembang Kuning (penjara menika dipunmadegaken taun1908-1950), saha Benteng
Klinker.
d. Wisata
bahari wonten ing Segara Anakan, wiyaripun 40.000 ha saha tlatah pesisir kidul
ingkang kagungan prau wisata ingkang cacahipun enem.
e. Kampoeng
Laut, papan padhususnan ingkang sisih kiwa tengenipun menika toya.
f. Papan
wisata lintunipun inggih menika: pesisir Widara Payung, Toya Benter, Curug,
Redi Srandhil( wonten ing kec. Adipala), pesisir Srandhil, Redi Selok, Rawa
Bendungan, Wana Payau, pesisir Permisan saha
pesisir Jetis(kec. Nusawungu), lsp.
D. Asiling
Pakaryan
1. Tas
Jago/ Kepek, menika wujud pakaryan masarakat kecamatan Nusawungu. Kepek saged
dipundamel saking rotan utawi plastik.
2. Pakaryan
bambu kadosta; caping saha wuwu ingkang dipundamel dening masarakat Dhusun
Klumprit Kec. Nusawungu.
3. Pakaryan
Kerang, dipundamel dening masarakat pesisir seganten kidul ingkang caket
kaliyan Teluk Penyu.
4. Bathik
tulis, bathik tulis menika dipundamel dening masarakat kec. Maos, sakmenika
sampun ngrembaka dumugi kec. Nusawungu.
E. Jajanan
Miraos
1. Ikan Asin, menika dipundamel
saking ulam senten ingkang dipunasinaken saha dipungaringaken, saged wujud ulam
ingkang ageng ugi ingkang alit.
2. Jambal Roti, ulam asin ingkang
dipundamel saking ulam Jambal ingkang gurih saha ageng, biasanipun wonten
ingkang sampun dipunkethok kados roti.
3. Sambal Tuna, biasanipun
dipunlebetaken kaleng kados Sarden kanthi baekal dhasar ulam Tuna, raosipun
pedes gurih, biasanipun dipundamel lawuh utawi kangge camboran damel sekul
goreng.
4. Nopia, kados roti warnanipun
pethak bunder-bunder, wosipun inggih menika camboran gendhis jawi, caranipun
damel kanthi dipuntempelaken kwali.
5. Lanting, wujudipun bunder
tengahipun bolong kados donat, ananging atos gurih, warnanipun pethak utawi
abrit. Dipundamel saking tela dipungoreng.
6. Abon Tuna, raosipun gurih saha
serat-serat ulam Tunanipun kraos sanget, warnanipun pethak, biasanipun kangge
lawuh dhahar.
7. Terasi, ingkang beda saking
trasi Cilacap inggih menika raosipun ingkang werna-werni.
8. Sambel teri saha Sambel Urang, raosipun
pedes gurih, biasanipun kangge dhahar, camboran sekul goreng utawi mi goreng.
9. Sale Pisang, dipundamel saking
pisang ingkang dipungaringaken, raosipun manissaha gurih, biasananipun
dimodifikasi kaliyan wuwuhan keju saha coklat wonten nginggilipun.
10. Kripik Tempe, dipundamel saking
mendoan ingkang dipungoreng garing sanget, tipis, persegi, warnanipun coklat,
gurih, biasanipun dipundhahar kaliyan soto utawi mi.
11. Kripik bayem, dipundamel
saking bayem ingkang dipugoreng ngangge gandum. Saged dipundhahar piyambakan kangge
cemilan utawi kangge lawuh sekul.
12. Kripik Sukun saha Stik Sukun, woh-wohan
menika kathah sanget wonten ing Cilacap, sukun ingkang asalipun sampun empuk
saha gurih menika sampun dumugi manca, Ratu Inggris nate ndahar saha nyemat
sukun menika buah roti dipundamel kripik dipugoreng garing. Dene stik
Sukun menika wujudipun panjang-panjang.
13. Krupuk Tengiri, dipundamel
saking ulam tengiri, raosipun gurih.
BAB II
ISINIPUN CARIYOS BABAD KADIPATEN DONAN
Menawi
cariyos Kerajaan Nusatembini asalipun saking Hindhu Budha, kamangka cariyos
Kadipaten Donan kinten-kinten menika mulanipun ngrembakanipun Islam wonten ing
Tanag Jawa. Donan mapan wonten ing tlatah perangan ler, sakmenika mlebet ing
Kitha Cilacap.
Wonten ing cariyos
menika dipunandharaken bilih Donan rumiyin menika wana. Tlatah menika wiwit
dipunbikak dados tlatah panggenan migrasi priyantun Banyumas. Salah
satunggaling ingkang manggen wonten Donan inggih menika rombongan Raden
Ronggosengoro utusan saking Adipati Mrapat, putra mantu saking Adipati
Wirasaba. Raden Ronggosengoro kaliyan rombonganipun mapan wonten papan menika.
Panjenenganpipun taberi anggenipun mimpin rakyat kanthi ngewahi tlatah Donan
ingkang asalipun sepen dados papan ingkang rame. Ronggosengoro lajeng
dipundadosaken Adipati wonten ing Donan dening Adipati Wirasaba.
Wonten ing
sakngandhapipun pamarentahan Adipati Ronggosengoro, tlatah Donan sekedhik mbaka
sekedhik ewah dados papan ingkang rame saha makmur. Masarakatipun gesang kacekapan, boten kirang
ageman saha dhaharan. Keamananipun kajagi pramila masarakat boten kraos kwatir
anggenipun mapan wonten tlatah Donan menika.
Kawontenan Donan ingkang
aman saha tentrem dados kaganggu nalika
wonten makluk aneh wonten ing tlatah Donan, inggih menika peksi ingkang ageng
sanget ingkang kaliyan masarakat Donan dipunwastani “Garuda Beri”. Peksi buta menika mangani kewan-kewan
gadhahanipun masarakat wonten ngriku, saha mejahi tiyang ingkang ngayomi
kewanipun piyambak. Peksi menika mapan wonten ing Nusakambangan. Kangge
ngadhepi peksi menika, Adipati saha masarakat Donan sampun usaha ngangge cara
menapa kemawon, ananging boten nate kasil.
Awit saking boten nate
kasil menika, Adipati pados cara lintunipun. Adipati dipunparingi cara saking
ahli nujumipun ingkang ngendika bilih peksi menika saged dipunkalahaken kalih
pusaka Kasultanan Demak, pramila, panjenenganipun sowan dhateng Kasultanan
Demak kangge ngampil pusaka Demak anama Kyai Tilam Upih. Panyuwunan Adipati
menika dipuntampi dening Sultan Demak. Anaging sasampunipun pusaka menika
dipunampil, boten wonten ingka ng saged ngginakaken kanthi sae kangge mejahi
Garuda Beri menika.
Awit saking menika,
kangge mbucak bebeyan ingkang wonten ing Donan, kamangke, Adipati ngawontenaken
sayembara. Wonten ing sayembara kasebat Adipati njanjekaken putrinipun kangge
sinten kemawon ingkang saged mejahi Garuda Beri menika.
Sayembara menika narik
kawigatosan para Adipati Anom wonten ing tlatah lintunipun. Sedaya sami rawuh
kangge mbuktikaken kasaktenan anggenipun merangi kewan ingkang mbayani kasebat.
Sedaya sami ngremenaken hadiah wujud putri ingkang ayu sanget. Ananging sedaya
boten wonten ingkang kasil ingkang saged wrantas Garuda Beri. Malah sami mlayu
kawedosan saha wonten ingkang cidra, saperangan ugi wonten ingkang murungaken
niatipun tumut sayembara.
Kanthi boten kasilipun
para Adipat Anom ndherek sayembara, pramila Adipati dados boten gadhah
pangarepan. Adipati asring mendel kangge menggalih kados pundi ngalahaken kewan
menika supados masarakat tentrem malih. Wonten ing kawontenan menika, rawuh
pangeneman ingkang gagah saha alus. Jejaka menika anama “Santri Undig” ingkang
dipunsebat ugi Bagus Santri. Wonten ing ngajengipun Adipati Donan, piyambakipun
ngaturaken ancasipun kangge ngabdi wonten ing Kadipaten Donan, piyambakipun
badhe nyambut damel menapa kemawon dhawuhipun Adipati kanthi raos hurmat.
Mireng aturipun jejaka menika kala wau, Adipati boten ngraos awrat, saha nampi
kanthi raos bingah saha kanthi sarat supados saguh mejahi Garuda Beri ingkang
nyusahaken masarakatipun menika. Dhawuh ingkang awrat menika dipunsaguhi dening
Santri Undig.
Estunipun Bagus Santri
menika utusan saking Demak. Piyambakipun dipunutus Sultan Demak kangge mundhut
malih pusaka Demak ingkang ampuh, “Cis Tilam Upih” ingkang sampun dangu boten
wonten ing Kasultanan. Kanthi dipuntampi dados hamba Adipati Donan saha kasil
nangkep Garuda Beri, pramila piyambakipun gadhah kakarepan pusaka Demak kasebat
saged dipunpundhut malih.
Santri Undig boten
langsung nangkep Garuda Beri. Kangge sawekdal, piyambakipun kedah mapan wonten
ing Kadipaten Donan kangge nyinau kawontenan babaya kasebat. Sasampunipun
saperangan wekdal mapan wonten ing Donan, piyambakipun sowan dhateng Adipati
kangge ngaturaken uneg-unegipun. Sapisan, saderengipun mrantas Garuda Beri,
piyambakipun langkung rumiyin nyuwun supados dipundamelaken luwangan ingkang
jeronipun seinggil tiyang. Kaping kalih, piyambakipun nyuwun supados
dipunsamaptakaken bakal pethak wiyaripun sahasta. Kaping tiga, piyambakipun
dipunparengaken kangge ngampil pusaka Cis Tilam Upih. Panyuwunan Bagus Santri
langsung dipunsaguhi dening Adipati. Ananging, panyuwunan angka tiga nembe
saged dipunparingi sasampunipun bagus Santri paring kapitadosan dhateng Adipati
bilih Garuda Beri menika namung sage dipunkalahaken kaliyan Cis Tilam Upih.
Kanthi dipunparinginipun
sedaya anyuwunan, bagus Santri lajeng nyamaptakaken kangge nangkep Garuda Beri.
Sasampunipun sedaya kalengkapan sampun samapta, Bagus Santri mundhut toya wudhu
saha sholat kaliyan ndonga supados dipunridhoni dening Alloh anggenipun
nglampahi tugas ingkang awrat kasebat. Sabibaripun sembahyang saha maos donga
wilujeng, Santri Undig ngagem bekal
pethak saking Adipati Donan. Bekal pethak menika dipunginakaken kangge mbungkus
badanipun piyambak dumugi boten katingal badanipun saha mujud pethak. Kanthi
ngagem ageman menika, saking jarak tebih boten katingal kados tiyang. Saking
jarak tebih langkung katingal kados lembu ingkang lulangipun pethak. Ancasipun
Bagus Santri, kanthi ageman pethak ingkang nyrupani kewan, Garuda Beri badhe
nyaketi saha nerkam. Wonten ing posisi makaten, piyambakipun tumuju dhateng
papan kabuka dipunmadegakenipun pondhok kanthi tiyang inggil. Boten tebih
saking papan menika wonten luwang sainggil tiyang kangge papan perang kaliya
Garuda Beri.
Prastawa tarungipun
Bagus Santri kaliyan Garuda Beri nimbali sedaya tiyang kangge mirsani.
Masarakat Donan kanthi raos kwatos ngentosi wekdal dipunwontenakenipun tarung
menika.
Ngentosi maranipun
makluk aneh, Bagus Santri sila wonten ing panggok kalih semedi kaliyan nyuwun
tetulungipun Gusti ingkang Kwaos supados sage nglampahi misi sucinipun, mejahi
Garuda Beri. Boten dangu, saking sisih kidul (Nusakambangan) katingal wonten
ayangan cemeng wonten angkasa ingkang nyaketi Bagus Santri. Masarakat ingkang
mirsani sami wedos saha taken-taken wonten ing manah menapa ingkang badhe
kadadosan. Garuda Beri menika nganggep bilih pethak-pethak menika lembu, saha
mapinten-pinten ngubengi papan menika dumugi Garuda Beri menika pitados bilih
menika mangsa ingkang eco. Lajeng Garuda Beri nyamber. Bagus Santri
sampun samapta paring perlawanan. Arikala Garuda Beri nyamber, Bagus Santri
mlebet ing lowang siti. Garuda Beri ngadeg wonten ing nginggil lowangan, lajeng
Bagus Santri nancepaken Cis Tilam Upih
wonten ing sikilipun. Peksi menika njerit kalara-lara saha mabur malih
wonten angkasa.
Garuda Beri ingkang
sampun tatu wonten ing sikilipun, sampun boten kagungan keseimbangan malih,
lajeng menclok wonten ing wit ketapang wonten pinggir seganten Cilacap. Wit
menika boten saged nahan awratipun peksi dumugi bengkok ngantos siti. Garuda
Beri mabur malih, ananging awit saking tatu ingkang saya parah, namung saged
mabur endhep. Amargi sampun boten kiat anggenipun mabur, Garuda Beri menika
dhawah wonten ing sisih lepen boten tebih saking Lepen Donan sisih wetan.
Tiyang-tiyang sami
pitados bilih cariyos pejahipun peksi menika dipunbuktikaken kaliyan
peninggalan sejarah inggih menika “Grumbul Ketapang Dengklok”. Tegesipun papan
panggenen wit ketapang ingkang bengkok amargi boten kiat nahan awratipun Garuda
Beri ingkang saweg sakit caket pejahipun.
Kasuksesanipun Bagus
Santri mejahi Garuda Beri dipunsambut katresnanipun masarakat Kadepaten Donan.
Katresnan katingal sanget wonten ing Adipati Donan ingkang kagambaraken kanthi
nyingkep Bagus Santri. Masarakat boten kwatos malih saha Adipati ngraos kasil
anggenipun nylametaken masarakatipun.
Adipati Donan boten supe
kaliyan janjinipun, panjenenganipun langsung maringaken putrinipun ingkang ayu
sanget dhateng Bagus Santri, ananging Bagus Santri boten nampi putri kasebat. Bagus Santri malah
maringaken putri menika kangge dados garwanipun Adipati Bagong, inggih menika
Adipati Limbangan. Bagus Santri boten nampi amargi dereng kapengen krama saha
taksih remen berkelana nyebaraken Agama Islam.
Bagus Santri ingkang
taberi menika pranyata Sunan Kalijaga. Panjenenganipun pikantuk dhawuh saking
Sultan Demak kangge mados saha mundhut pusaka Demak Cis Tilam Upih. Kanthi
makaten, cariyos Kadipaten Donan dipunpanggih dados wiwitipun panyebaran Islam
wonten ing tlatah Cilacap.
BAB III
NDHUDHAH PIWUCAL LUHUR
1. Kapitadosan
Raos
kapitadosan menika wigati sanget wonten ing satengahing gesang. Wonten ing
cariyos Babad Kadipaten Donan menika kagambaraken raos pitados ingkang sae
sanget inggih menika antawisipun:
-
Masarakat dhateng Adipati Donan, kapitadosan
masarakat dhateng Adipati Donan menika kagambaraken bilih masarakat nyengkuyung
usahanipun Adipati, boten nesu dhateng Adipatinipun saha pitados sanget bilih
pamarentahan Adipati Ronggosengoro saged ngadhepi saha ngrampungaken sedaya
prekawis ageng ing tlatah Donan.
-
Adipati Donan
dhateng Bagus Santri, Adipati Donan pitados sanget bilih Bagus Santri saged
mbiyantu ngadhepi prekawis awrat ngalahaken Garuda Beri. Adipati Donan maringi
sedaya panyuwunan Bagus Santri ingkang dipunbetahaken kangge mejahi Garuda
Beri.
2. Ikhlas
Raos
ikhlas kagambaraken dening Bagus Santri ingkang boten badhe pikantuk putrinipun
Adipati Donan. Ancasipun namung manut dhawuh Adipati Demak mundhut Cis Tilam
Upih kanthi mbiyantu Adipati Donan supados enggal-enggal dipunginakaken lajeng
dipunwangsulaken malih dhateng Kadipaten Demak.
3. Pasrawungan
Para
masarakat Kadipaten Donan sami guyub rukun, sami usaha sesarengan, kagungan
raos satunggal nasib, bingah-bingah sareng, ugi sisah dipunraosaken sareng.
4. Tanggel
jawab
Tanggel
jawab kagambaraken dening Adipati Donan ingkang boten kasupen dhateng
amanahipun dados Adipati ingkang kedah ngayomi saha mimpin masarakatipun.
Arikala wonten bebaya saha raos kwatos, enggal-enggal dipunrampungaken supados
masarakat saha tlatah Donan tentrem, guyub saha rukun.
BAB
IV
PAMRAYOGI
Kita minangka masarakat
saha pelajar kedah mangertos tlatahipun piyambak. Tlatah menika ngemot sejarah
ingkang kagungan piwucalan sae. Sabibaripun kula damel tugas “Ngungak Isinipun
Babad Kadipaten Donan” menika, kula kinten seserepan babagan sejarahipun kitha
panggenan kita sedaya menika kedah dipunsinau. Boten namung sinau wonten ing
kelas kemawon. Kanthi tugas menika kita saged maos buku sejarah ingkang wonten
ing Perpusda, Dinas Pendidikan, Dinas Kebudayaan, blog tlatahipun
piyambak-piyambak, saha panggenan lintunipun.
Seserepan babagan tlatah
menika saged kangge muwuwuhi raos remen kaliyan tlatahipun kita sedaya. Jati
dhiri ugi saged dipunwujudaken kanthi seserepan menika. Sumangga kita sedaya
sampun ngantos supe kaliyan tlatah saha jati dhiri kita kanthi pados seserepan
ingkang kathah.
KAPUSTAKAN
http://bloggercilacap.com/wp-content/uploads/2012/10/kepek6.jpg.
Diunduh pada tanggal 21 April 2013.
http://kalikudinews-artikelku.blogspot.com/2011/03/memberdayakan-masyarakat-melalui.html.
Diunduh pada tanggal 21 April 2013.
http://www.cilacapkab.go.id. Diunduh
pada tanggal 21 April 2013.
https://www.google.com/search?q=batik+cilacap.
Diunduh pada tanggal 21 April 2013.
https://www.google.com/search?q=kabupaten-cilacap.
Diunduh pada tanggal 21 April 2013.
https://www.google.com/search?q=kerajinan+kerang+cilacap.
Diunduh pada tanggal 21 April 2013.
https://www.google.com/search?q=obyek-wisata-alam-cilacap.
Diunduh pada tanggal 21 April 2013.
https://www.google.com/search?q=oleh-oleh+khas+cilacap.
Diunduh pada tanggal 21 April 2013.
https://www.google.com/search?q=telukpenyu.jpg.
Diunduh pada tanggal 21 April 2013.
Trijono,
Bambang, Soelistyanto. 2008. Atlas Pendidikan Kabupaten Cilacap.
Cilacap: Wahana Karya Grafika.
________.
1975. Buku Sejarah Cilacap. Cilacap: Pemerintah Kabupaten Daerah Tk.II
Cilacap.
LAMPIRAN
![]() |
|||
![]() |
|||
Kilang Pertamina
Cilacap Pesisir
Teluk Penyu
![]() |
|||
![]() |




Kripik
Tempe Sale
Pisang
![]() |
|||||
![]() |
|||||
![]() |
|||||
Lanthing Sambal
Tuna
![]() |
![]() |
||
Nopia Jambal
Roti
![]() |
![]() |
||


Krupuk
Tengiri Trasi
Urang
![]() |
![]() |




Kepek Kerang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar